Cerita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Lumrahe isine kurang luwih
1000 tembung kang menehi kesan tunggal kang dominan lan musatake prakara ing
salah sawijining tokoh.
Titikane cerkak
1. Ceritane cekak lumrahe kurang luwih 1000 tembung
2. Diwaca sakeplasan (sekali duduk)
3. Perkara kang dicritakake mung siji
4. Cacahe paraga mung sithik
5. Tokoh kang diceritakake ora nganti owah nasibe
6. Sipate reka-reka/fiktif
7. Cerkak Asifat naratif (manut urutan wektu)
Struktur cerita cekak kabentuk saka unsur-unsur ing ngisor iki :
- Unsur ekstrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun sekan njaba,
kaya elsaning digawene cerita, sejarah, biografine si pengarang lan
liya-liyane.
- Unsur intrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun sekang njero kaya
tema,alur, penokohan, latar, sudut pandang, amanat, lan basa fifuratif.
Unsure Intrinsik karya sastra (cerkak):
a. Tema, yaiku inti utawa ide dhasare crita.
b. Alur/plot, yaiku Pola pangembangan crita kang
kabentuk saka hubungan sebab akibat. Lakon crita kaperang dadi bageyan-bageyan:
1) Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita
(exposition)
Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan
tokoh-tokohe.
2) Panjlentrehe kedadeyan (complication)
Ing bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para
tokohe.
3) Nuju ana ing konflik, (rising action)
Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.
4) Pucuking masalah (turning point)
Klimak crita. Ing baba iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi
masalah)
5) Rerampungan (ending)
Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.
c. Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan
lingkungan sosiale saka kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
Latar iku ana 3 jenise:
1) Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan
panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: ing plataran omahe Agus seneng tenguk-tenguk nyawang kahanan.
2) Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing
crita iku dicritakake.
Tuladha: Dina iki, 27 Desember 2009, ing wengi kutha Jakarta tansah rame.
Amerga bengi iki final AFF.
3) Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan
social nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladhane: Nalika kebo bule wis cedhak saka papan panggonanku nonton kirab
pusaka siji Sura, kahanan tansah anteng, kras sepi, ora ana mobah mosoking
angin……(kharisma, hal 44)
d. Tokoh, yaiku Paraga ing sawijining crita.
e. Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan
njlentrehake karakter tokoh ana ing crita. Ana 2 teknik kanggo nggambarake
karakter salah sawijining tokoh.
1. teknik analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang
dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2. Teknik dramatic
karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran:
a) Bab fisik lan tindak tanduke tokoh
b) Lingkungan kauripan tokoh
c) Tata basane tokoh
d) Dalan pikirane tokoh
e) Dening tokoh liyane
f) Sudut pandang (point of view) yaiku posisine pengarang
nalika ncritakake crita. Posisi pengarang ana 2:
1) Dadi wong kapisan (orang
pertama). Pengarang dadi tokoh lan lakon ana ing crita.
Cirine ana tembung “AKU”.
Tuladha: Aku isih durung percaya menawa dina iki aku bisa lungguh ana ing
kursi stadion Olimpico roma…….
2) Dadi wong katelu (orang ketiga)
pengarang dadi pengamat ana ing crita.
Cirine tokoh utamanya menggunakan “NAMA GIYARTI”
Tuladha: Giyarti katon mongkog atine amerga bisa munggah podium menang
lomba……
g) Amanat, yaiku ajaran moral utawa
pesen didaktis (mendidik) kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang
marang wong kang maca.
h) Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning
carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan
rasa atine. Cara kang khas mau bisa dingerteni liwat ukara utawa tetembungan
kang dienggo. Mula gaya basa iku nuwuhake rasa lan reaksi pamaca marang pikiran
kang diandharake dening pengarang. Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa
awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.
basa kang ana ing crita kang nduweni kagunan kanggo nyiptakake nada utawa
kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan
interaksi tokkoh siji lan sijine.
dengan menggunakan perbandingan, menghidupkan benda mati,melukiskan sesuatu
dengan tidak sewajarnya, dan sebagainya. Itulah sebabnya,terkadang dalam karya
sastra sering dijumpai kalimat-kalimat khas. Nada padakarya sastra merupakan ekspresi
jiwa.
SURAM
dining : shandy aditama putra XII-IPS 4
Uwis jangkep sasasi setengah Nana, kancaku SMA sinau ing negara kulon Arab.
Jareke Nana arep nuntaske program kuliahe, yaiku sejarah. Dheweke isa kuliah
ing negara kang adohe semono amarga semangate kang adiluhung lan nggeni
kapingin majukake donya kawruhe uwong Indonesia kang durung jangkep lan prigel
informasi ngenani sejarah e wong Arab, ngenani revolusi, perang, lan liya-liya.
Singkate, Nana arep dadi guru sing pingin nularake jero kawruhe. Sakjane
ning Indonesia iyo uwes akeh universitas ngenani sejarah Arab, nanging
pemerintah Indonesia lan Nana tasih ngugem pikiran yen sinau langsung tekan
sumbere bakal luwih lengkap. Kasile, Nana entuk beasiswa mrono.Pemerintah yakin
lak Nana lan rombongane ning Arab bakal mulih nggawa ilmu kanggo Indonesia.
Luwih adoh, pemerintah sing nduweni kageman lan kakuasaan ing negara dhewe,
uwis ngekekake fasilitas lan sarana kangge arek-arek sing entuk beasiswa ing
Irak.
Saliyane tujuwan nggolek kawruh ing negara semana, Nana lan kanca-kancane iya
mendem tujuwan liya yaiku kudu isa ngliput opo wae kang kedadeyan ing negara
Perang kasebut. Mulane njepret foto, nulis kabar, lan laporan suara kanggo
pemerintah Indonesia. Anggone sinau Nana lan kanca-kancane ancen adoh lan aman
teka wilayah konflik e pemerintah Irak lan koalisi sing dipimpin wangsa Amerika
musuhi ekstremis sing ngangkat Islam agawe perjuangane kang nglawan pemerintah.
Nanging, amben sak ulan dheweke lan rombongan kudu budhal ing garis perang
kanggo ngliput kedadeyan iku, gawe bahan studi jareke. Saliyane iku, rombongane
Nana iya entuk pengawalan kang trep saka pemerintah Irak amarga rombongane Nana
iku mlebu ing Asosiasi Pelajar Internasional kang ancen diundang pemerintah
Irak kanggo ngliput perang.
Nana iku sak angkatan sekolah karo aku ing sekolah umum utawa Sekolah Menengah
Duwur, kira-kira uwis tahun katelu teka sak iki lulus e saka sekolah.Sekolahku
iki ancen apik lan akeh sing kalebu mrene amarga agamane apik. Sekolahku pancen
tenan ngugem tatakrama ingkang apik nganti terkenal kaya sak iki.Nana
biyen sak kelas karo aku. Masiya Nana iku uwong e sregep lan pinter tapi
dheweke ora dhuwur atine, dheweke seneng tumrap nguwarahi kanca-kancane
ngenani pelajaran. Luwih-luwih, Nana iku biyasane mulih sore gawe nguwarahi
rencang-rencang e ngenani pelajaran sing uwis diwulang guru isuk e. Mulane iku,
Nana maleh dikenal apik ning kanca-kanca. Akeh sing seneng karo pribadine Nana,
kalebu aku. Soal e, Nana iku jiwa sosiale iku dukur. Sapa se sing gak gelem
dadi arek kaya Nana.Guru-guru ning kantor iya padha ngelem Nana amarga sregep
e. Saumpama diwenehi tugas dina iki, karo Nana mesti langsung digarap lan dina
iku iya langsung ditumpuk. Guru-guru padha gedheg-gedheg nyawang kerja atos e
Nana. Biji wulangan lan tes e dheweke iya tansah apik.Ning sekolah, Nana aktif
kalebu organisasi OSIS ngewakili kelasku. Jareke Joko, kancaku dolan sing iya
kalebu OSIS, ngomongi aku yen Nana iku mesti aktif ngomong ing OSIS.Nana iku
populer ning sekolah, amarga pribadine sing apik.Nana iku kanca sabangkuku. Nalika
dheweke wadon, Nana iya isa tumrap karo arek-arek lanang, kalebu aku. Iya, kan
aku kanca sebangkune.
Blaaaaaaaaaaaaar.......Blaaaaaaaaaaaaaaaar...... suara bedil ning tipi
ngabarake yen negara Irak diserang karo ekstremis. Aku kuwatir yen Nana kena
apa-apa ning negara kana.Ing liputan pertamane Nana, dheweke ngliput ing pos
jaga perbatasane propinsi sing dikuwasai tentara Irak karo propinsi sing
dibajak para ekstremis.Ning jembatan tepak e, para tentara padha bedil-bedilan
padha lali urip merjuangake tujuwane.Nana ngliput ing nggurine tentara iku, lan
sak itik-itik nguwawancarani tentara sing lagi sibuk iku.Nana ancen pinter basa
Arab lan Inggris, mulakne dheweke isa nguwawancarai uwong Arab.Ngene lak
diterjemahake ning basa Jawa : “Sugeng siang Pak, niki panjenengan lagi perang
musuhi sinten nggih?”, takon Nana. “Niki kula ajenge ngalahake tentara ektremis
ning sebrang etan kae mbak. Niki teka perintahe komandan yen kula lan para
rencang kula kudu isa matahake pertahanane para ekstremis.”, jawabe salah siji
tentara sing jarene Nana pangkate Sersan lak ning Indonesia. “Oooo ngoten nggih
Pak, trus pripun yen ana uwong biasa/sipil ning wilayah sing Bapak serang sak
niki?”, Nana trus takon. “Para uwong sipil wis ngungsi mbak, dadi ning kana cuman
ana para tentara ekstremis lan para tawanan, luwih-luwih, misine para rencang
kula selanjute iki mbebasake para tawanan niku mbak.”, saute tentara sing awake
guedhe. “Para tawanan niku lak nggih uwong biasa nggih Pak, lha niku tujuwane
napa para ekstremis nawan uwong biasa?”, Nana takok maneh. “Para ekstremis
kapingin para tentara pemerintah padha ngundurake serangane, yen ora, para
tawanan iku bakal disiksa opo maneh yen uwis mentok para tawanan iku bakal
ditembak mati ning nggon mbak.”, jawabe Sersan karo ngisi pelurune.Aneh, Nana
bingung. Para ekstremis sing teka awal padha semangat bedil-bedilan malah
ujug-ujug ninggalake medan perang.Cuman para jenderal e ekstremis sing iseh
mantau jembatan.
Deg..Deg..Deg..Deg..Ujug-ujug Pak Sersan nrima telepon saka pusat. “Sersan-Maverick,
please back-up your troops and the other alliance to the safe place!”,
suwara banter teka ponsel tentarane Pak Sersan. Pak Sersan langsung takok lan
konfirmasi ning pusat, “What happen, sir?”. “The mutineers have been adding
a C-4 Bomb below the rivers you stand, please evacuate your troops
immediately!”, jawaban saka pusat. Krungu kabar teka pusat ngenani bom sing
wis ditandur ning ngisore jembatan, Pak Sersan langsung njupuk speaker ning
montor lan ngandhani para tentarane, “team, fall back to the car as soon as
possible, she is gonna blow!”. Para wartawan kalebu Nana padha bingung
krungu perintahe Pak Sersan.Kabare ana bom ning ngisor jembatan, mulane para
wartawan trus padha mlebu ning montor e supaya bisa slamet saka bom iku. Para bala
tentara padha mundur, lan musuh sing kasisa numpak montor ninggalake
jembatan tetep padha nembak nggawe senapan ning arahe para tentara.
“Jleeeeb...!”,
suwara peluru nembus dada.Tibak e sing kenek bedil kuwi iya Pak Sersan mau. Pak
Sersan adus getih. Pak Sersan sing uwis sekarat lan ceblok ning pangkuan
e Nana, lan muni, “Girl, please tell my family, i love them anyway.” Pak
Sersan pas muni kata-kata terakhir e uwis mandek napase lan Nana sing bingung
lan sedih akhire udan tangis nangisi Pak Sersan sing jelas-jelas mau jek
diwawancarai Nana. Nana trus nyuwun pitulung saka prajurite Pak Sersan supaya
nggotong Pak Sersan ning montor. Pak Sersan uwis isa digawa. Nanging, ing arepe
ninggal jembatan iku, lakokno bom C-4 e mbledhos lan ngurbuhake jembatan sak
itik-itik.Ana rong mobil e tentara lan wartawan sing iseh durung teka ujung
jembatan, lan ceblok ing laut. Slamete Nana lan rombongane uwis ninggalake
jembatan kuwi masiya Nana isih raiso nglalekake titipane Pak Sersan. Para
tentara sing ning ujung jembatan padha getihen lan mbengok kelaran. Ana sekitar
uwong rongpuluh an. Para tentarane sing dipimpin Pak Sersan kang lurus
drajate langsung padha nulungi para prajurit sing kasisa ing medan.
Prajurit sing kasisa ing medan tur digawa ning njerone montor supaya bisa
diwenehi pertolongan pertama karo dokter sing uwis ngenteni ning njero montor.
Dalan cedek e jembatan padha bek ana getih tok lan pecahan kaca. Pecahan kaca
iku uga dikira gawe media mbledosake bom C-4 mau. Saliyane gawe iku, pecahan
kaca iku uga padha ngeneki para tentara.
Stasiun tipi
ning Irak padha ngliput kedadeyan kang dadi kembang lambe iki lan
ngejutakepara jenderal-jenderal ning pusat. Tibak e rencanane para ekstremis
kasil njebak para tentara supaya gugur ning jembatan.
Wong Jawa aja
lali Jawane. Nana iku uwong Jawa ingkang pinter banget ngenani ngelmu ne uwong
asing. Saking pintere, krasaku Nana uwis kilangan jiwane dadi uwong wadon Jawa
kang dikurmati. Sawise kedadeyan bom ning ngisore jembatan, para wartawan lan
jurnalis asing padha tansah ngliput kedadeyan iku. Kalebu para uwong Landa sing
ning tipi padha nguwawancarani Nana, seksi kedadeyan iku. Nana fasih ngomong
basane uwong Landa, lan crita lancar marang para wartawan ngenani kedadeyan ing
jembatan iku.
Sakwulan uwis
rampung nanging tansah mancep ing atine Nana ngenani kedadeyan marang Pak
Sersan sakwulan biyen. Uga isih trauma, nanging Nana lan rombongan njupuk
risiko ngliput maneh ning wilayah perang e pemerintah.Para wartawan lan
jurnalis uwis dilarang karo pemerintah Irak supaya ora ngliput teka cedhek
maneh, nanging Nana lan rombongane tetep nekat maju.Para tentara pemerintah pas
iku lagi nyerang gedung sing njerone ana akeh sanderane ekstremis.Bedane, sak
iki pemerintah uga yakin yen bakal ora ana bom maneh ning operasi ning gedung
kuwi.Kaya biyasa, Nana sing sregep ngliput para tentara sing lagi perang, agawe
bahan sinaune Nana.Setengah jam ngliput, para sandera uwis isa digawa menjero
montor lan para pemberontak uwis isa ditumpas nganti entek.Operasi kang kasil
sukses iku ora nimbulake korban jiwa saka tentara pemerintah lan Nana sak
rombongane slamet isa mulih resik tanpa serangan saka ekstremis.
Nana dihubungi
kaluwargane Pak Sersan sawise ngliput perang mbebasake sandera. Nana ning nggon
nginepe dheweke lan rombongan ning apartemen pusat kutha Irak ditemoni
kaluwargane Pak Sersan. “Assalamualaikum, mbak?”, uwong wedhok bule ning ngarep
lawang nggone Nana nginep. “Woh nggih, waalaikumsalam Bu. Wonten punapa
nggih?”, Nana takon ning ibuk-ibuk mau. “Kula niki istrine Pak Ahmad.”, jawabe
ibuk bule. “Pak Ahmad sinten nggih?”, Nana bingung. “Pak Ahmad niku
bapak-bapak sing perang nalika sampeyan ngiput perang samenika mbak, kula mriki
kalih kaluwarga ajenge ngucapake matursuwun ingkang sanget amarga Mbak sampun
nulungi Bapak Ahmad kantun menika.”, jawabe ibuk-ibuk Bule sing tibak e istrine
Pak Sersan. “Oh ngoten, sepuntene nggih Bu kula kok mboten cepet tanggap
ngertos, nggih sami-sami, kita niki dadi manungsa inggih sampun sapantese padha
tulung-tinulung marang sesama.”, jawabe Nana karo mesem.“Wonten titipan saking
Bapak Ahmad, Bu, tiyang e dhawuh nalika Pak Ahmad niku tresna marang
kaluwargane samenika dateng kula, niku pesen e Pak Ahmad, kula nggih sepuntene
ingkang kathah cuman saget nulungi Pak Ahmad samenika.”, jawabe Nana karo
ngilengi kedadeyan ning jembatan. “Mboten napa-napa mbak. Kula sakulawarga
nggih maklum ngenani kedadeyan niku. Niki wonten bingkisan agawe ucapan
matursuwun kaluwargane Pak Ahmad mring Mbak Nana. Matursuwun nggih.”, ibuk Bule
ngomong. “Ya Allah mboten usah repot-repot Bu, sampun, kok repot-repot.”, Nana
mesem karo nrima hadiah saka kaluwargane Pak Ahmad. Nana nrima hadiah buku-buku
literatur Arab saka kaluwargane Pak Sersan.
Nana iku iya
ancen seneng nulung uwong, iya uga ket Nana sekolah kambek aku biyen.Saliyane
iku, Nana uwonge perhatian sanget karo uwong liya. Nganti-nganti kadang aku iya
bingung karo Nana, uwis ayu, pinter, seneng nulung apa maneh. Bangga aku
ndhuweni adik titipan kaya Nana. Kabecikan sing didhuweni Nana iki kudu dijaga
amarga Nana iku arek e polos lan mbutuhake akeh nasihat saka njaba. Mulane iku
aku dipasrahi dikengken ibuk e Nana supaya ndampingi Nana.
Nana bocahe uga
iya uwong sing religius, dheweke saben mari maghrib mesti ngaji. Dheweke iya
seneng pasa sunnah lan kadang iya ngomongi aku supaya melu pasa sunnah, nanging
iya kepriye uwong aku iki dasare males tur angel dikandhani uwong. Bengine
latian, dadine iya angel aku arep pasa sakwancine nak pasa ramadhan lagek isa.
Entek atiku,
nalika kudu nglepas Nana ning negara perang, Irak. Titahe ibune Nana kudu gugur
sakejap. Nanging kudu piye apa sing tak wedeni uwis kedadeyan. Aku kudu pisah
karo Nana.
Yaiku
kenangan-kenanganku karo Nana nalika SMA biyen. Nana iku uwis tak anggep adikku
dhewe. Tur katelune Nana ning Perang nglawan ekstremis lanjut ing dalanan
perbatasan. Nana lan rombongane sing nekat panggah wae budhal menyang medan
perang. Uwis ana wara-wara saka pemerintah Irak supaya para jurnalis lan
mahasiswa supaya ngadoh saka wilayah perang. Informasine, jareke departemen
pertahanan Irak, bakal ana serangan gede-gedean ning operasi iki. Mulane para
jurnalis lan mahasiswa uga dikandhani supaya ngadoh saka lokasi operasi. Para
tentara gabungan padha budhal shubuh nyerang para ekstremis ning dalanan
perbatasan.
Para tentara
karo ekstremis padha perang kaya ning game lan padha nyeblokake korban.
Nanging sapa nyana, montor sing ditumpaki Nana lan rombongan teka mburi
diweloki ekstremis sing nyamar dadi wartawan. Ujug-ujug para ekstremis mbedili
supir e montor sing ditumpaki Nana lan rombongan lan nyetir montor iku. Nana
lan rombongan digawa menyang markas gedene para ekstremis. Para rombongan sing
wektu iku dadi sandera padha bingung lan trenyuh amarga nyawang para mayat e
para sandera ning panggonan dheweke disandera. Mayat-mayat iku mau dikubur sak
onoke tanpa aturan sing bener. Mulake para ekstremis iki nggawa jeneng Islam
tapi padha sesat nglakokne ajarane, uwis mlenceng adoh saka ugeman agama Islam
ingkang becik lan minulya. Nana lan rombongane disiksa sakonone supaya meneng
wae lan ora nyoba mblayu saka cekelane ekstremis. Nana disekap ning panggon
rupa-rupa gedung gede kaya ning Jakarta. Bedane, cuman gedung iki sing isih
utuh pondasine. Bangunan gede liya ning sakitare gedung sandera iki padha ancur
kena proyektil-proyektil lan kena bahan perang. Rupane gedung iki digawe
panggon sing dikonsentrasekne para ekstremis gawe mbledosake gedung iku! Para
sandera arepe diledakne karo gedung gede iku! Para jurnalis sing ngliput kabar luar
biyasa iki langsung ngontak negara Indonesia supaya ngetokake pasukane ning
Irak agawe nyelametake wargane.
Kabar iki
kabetulan krungu lan mbakar semangatku gawe mbebasake para sandera. Uwong
Jakarta uwis nyiapake bala tentara khusus utawa KOPASSUS gawe mbebasake sandera
nambahi kakuwatane pasukan gabungan pemerintah Irak. Aku sing ancen dadi
prajurit KOPASSUS langsung dikirim ning pusat kutha Irak kanggo mbebasake para
sandera.
Para ekstremis
ngewenehi wektu sakitar sak minggu kanggo pemerintah Irak supaya menuhi
tuntutane para ekstremis, yaiku pemerintah Irak kudu nransfer dana
pirang-pirang milyar ning rekening e ekstremis utawa para sandera bakal
diledakne ning gedung iku mau.
Uwis dina
kapapat dina ancamane para ekstremis iki ngancem bakal mbledosake gedung lan
sandera. Aku uwis siap-siap ning pusat kutha lan uwis teka sadina sadurunge
karo pasukanku. Kerjaku dadi KOPASSUS ancen durung ana sing ngerti kecuali
kaluwargaku, kalebu Nana, amarga ancen kerjaku iki nuntut aku supaya
ngerahasiakake misiku. Kaluwargaku bakal dadi risiko yen uwong-uwong padha
ngerti aku iki prajurit pasukan khusus e pemerintah. Mboh lapo aku iki ora isa
turu ket teka pusat kutha Irak iki. Lha piye uwong Nana lan rombongane padha
disandera para ekstremis ning gedung, sawentara aku bebas ning kene. Dina
kapapat pasukan saka Indonesia durung diterjunake amarga pas dina iku isih ana
pembekalan supaya para tentara Indonesia ngerti medan sing arepe dihadepi,
kayata padang pasir ing perjalanan, kang rawan para ekstremis sing arep nyerang.
Gedung iku kang ana para sandera ana ing pinggir kutha cedhek e tambang lenga
gede. Dibutuhake sakitar wektu setengah jam mrono.
Dina kalima iki
pemerintah Irak mbatalake operasi gabungan ning gedung amarga ana badai padang
pasir anggone dalan menyang gedung kasebut. Badai iki iya disetujui pihak
ekstremis supaya ngendekake peperangan sediluk. Rupane ekstremis iya isa maklum
ngenani kondisi alam negarane. Dina kaenem iya ngunu, badai iki ngalangi
perjalanan para pasukan gabungan ning gedung sandera. Kasile, operasi batal
maneh.
Dina kasisa iki
bener-bener kesempatan pertama lan terakhir kangge para pasukan gabungan lan
pasukanku, nggempur gedung sandera lan nyelametake para sandera. Kanggo
ngindari badai, akhire pasukan gabungan budhal jam 12 bengi teka markas gede
masiya ning tengah perjalanan isih ana badai cilik.Pasukan gabungan sing isine
para tentara saka negara Landa, wangsa Amerika, lan Indonesia ikibudhal bareng
nuju gedung karo itung-itungan sing sae.
Tanpo kompromi,
serangan teka udara saka wangsa Amerika kasil nggempur mundur pasukan ekstremis
ning sakitar gedung sandera. Nanging, bom uwis ditandur ning ruangane para
sandera sing dijarake ning njero ruangan. Ning njero gedung iya isih ana para
ekstremis mertahanake gedung saka tentara.
Pasukanku
nggempur cepet para ekstremis kuwi mau tanpo welas, siji persiji ekstremis uwis
tumbang lan raisa ngadeg maneh. Para ekstremis iki ancen nduweni senjata saka
Russia, nanging para ekstremis iki ora ndhuweni katerampilan sing apik ngenani
nyekel senjata. Kasile, para ekstremis iki kalah total ning serangane pasukan
gabungan sing kelase kelas dunia. Ing wektu sakjam, para ekstremis kasil padha
mundur kabeh, nanging ing ruangane para sandera, ana ekstremis siji sing nyekel
bom. Dheweke ketok e arepe ngledakne gedung nggawe bom bunuh diri. Bom
bunuhdiri iki iya tamtune bakal ngledakne para sandera ning sakitare.
Aku sing ana ing ngarep lawang lan ngadepi ekstemis
iki, langsung mblayu lan mbanting awake ekstremis iki. Lan mateni timer
utawa pawektu bom iku kang pas wektu iku karek sak menit. Alhamdulillah, bom
e uwis isa tak pateni bener-bener. Para sandera padha bungah lan sacepete padha
dievakuasi para tentara. Nana sing nggeletak ning meja sandera tak gotong metu
menjero montor supaya wentuk pitulungan medis amarga durung entuk nutrisi
seminggu pada karo sandera liya.Serangane pasukan gabungan bener-bener kasil
sae lan aku isa nyelametake tresnaku, Nana.
Source : http://risangaryodw.blogspot.co.id/2014/08/cerita-cekak.html
http://sachiko-akane.blogspot.co.id/2016/08/tugas-cerkak-temane-perang.html