1.Andharan Uyon- Uyon:
•
Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing
mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa,
inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani
‘patalon’ .
•
Unining gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon.
•
Lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
•
Soran utawa ‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’,
ngginakaken ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong,
Kempul/Gong saha Kendhang.
• Gendhang Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab, Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang minangka pamurba irama.
2. Tegesipun Uyon-uyon lan sesambetanipun kalihan masarakat :
Uyon uyon
inggih punika lelagon jawa sing ditembangake sinden tanpa jejogedan. Sesambetanipun
kalihan masarakat inggih punika kagem adicara- adicara ageng kayata
pahargyan penganten, ngundhuh mantu saha adicara ringgit purwa
3. Dudutan :
Uyon-uyon punika wujuding Panawung Kridha sesarengan(kerja kolektif) ingkang
betahaken jumbuhing raos, gotong royong, mat-sinamat lan bantu binantu boten
wonten ingkang kepingin manjila piyambak saha tuwajuh ing ayahan lan jejibahan.
Kawruh
Budhaya Gamelan Jawa
Miturut Baosastra Djawa W.J.S Poewadarminta, Gamelan
inggih menika arane tetabuhan kang rericikane (Instrumen) akeh banget (Saron,
Bonang, Gender, lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu
utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (Wesi lan
Plat).
Gamelan Jawa (Jawa tengah uga Yogyakarta lan sebageyan
jawa wetan), umum e nadane luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon. Amarga
kui, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku
nduwe 2 laras inggih punika Gaamelan Slendro lan gamelan Pelog.
Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana
nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras Slendro nduwe 5 nada, inggih menika
1 2 3 4 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe 7 nada
inggih punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare
ana 5 nada (penta= 5, tone=nada).
Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora
owah,kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem. Laras slendro(SI.)
ateges siistem ada kang manut cendhek-dhuwure lan intervalsaka gamelan
slendro,semono uga laras pelog (PI.).
Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis
manut sistemnada laras lan pathete. Pathet ing laras slendro
iku antane, pathet Nem (6), pathet (9),lan pathet manyura (Myr). Dene pathet
ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet
Barang (Br.).
Ing ngisor iki ndharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan,
cara nabuh gamelan:
1. Wujud Tebokan
Wujud
gamelan iki kayadene Bedhug, Kendhang, Tambur. Cara nabuh dithutuhuk (bedhug,
tambur), dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).
Kendhang
wujude ana kendhang ageng/gedhe/gending, kendhang ketipung, kendhang
ciblon/batangan, lan kendhang sabet/ kosek/ wayang.
2. Wujud Wilahan
Gamelan sing
wujude wilahan inggih menika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking.
Carane nabuh yaiku dithuthuk.
3. Wujud Wilahan
Pencon
Gamelan sing
wujude wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe
yaiku dithuthuk.
4. Wujud Pencon
Gamelan sing
wujude pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan,
Gong. Cara nabuh gamelan iki yaiku kanthi cara dithuthuk, jagur.
5. Wujud Kawatan
Gamelan sing
wujude kawatab inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuhe inggih punika
kanthi cara dipethik/ cuwik. Dikosok/ digesek.
6. Wujud Pipa
Gamelan sing
due wujud pipa inggih punika suling. Cara ngungelaken gamelan iki yaiku disebul
kang dueni fungsi kanggo variasi melodi.
Kapendet
saking : http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/2012/05/uyon-uyon.html
LKS Modul Basa Jawa kelas XI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar