Selasa, 23 Mei 2017

Pawartos



Pawartos
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:
·        - Bentuk cetak
      Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan
      sanesipun.
·        - Bentuk Siaran
       Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake
       pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita
       bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
·         - Liwat Internet
       Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing
       dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake
       berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang
       bahasa jawa, lan sak panunggalane.
·        -  Bentuk lisan
       Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka
       sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak,
       utawa sewalike.

Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa                     (What)               = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa                    (Who)                = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan                 (When)               = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye               (Why)                = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi              (Whrere)            = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa             (How)                = Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Sifat Pawartos :
Ø  Aktual                                   : langsung.
Ø  Faktual                                 : objektif, sesuai fakta.
Ø  Cekak Aos                           : pendek, singkat, langsung intine.
Ø  Narik Kawigaten               : menarik perhatian dengan kalimat tanya.
Ø  Jangkep                               : lengkap.

Jinis Pawartos :
·         Straight News (pawartos langsung)
·         Depth News (pawartos mendalam) : wonten nilai, fakta, data, lan dampak.
·         Investigation News : wonten penelitian/penyelidikan.
·         Interpetative News
·         Opini News : dereng wonteng fakta-fakta.

Struktur panyeratan pawartos menika awujud :
1.       Irah-irahan
2.       Baris tengah (dateline)
3.       Teras pawartos
4.       Wos pawartos

Perangan ingkang nemtokake biji pawarto inggih punika :
a)      Aktualitas
b)      Gayut kaliyan papan kedadosan
c)       Gayut kaliyan unsur-unsur ing saklebeting kedadosan
d)      Gayut kaliyan pedamelan pamaos/pamiarsa
e)      Jangkeping pawartos

Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
·         Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
·         Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati.
·         Nyathet informasi ingkang leres saha premati.

Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
v  Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
v  Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha.
v  Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
v  Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang relevan.

Tuladha


Teroris Kecekel Neng Ngayogyakarta

Sawong kaduga teroris ditangkep malih dening Tim Detasemen Khusus 88 Anti Teror. Wong iku kagungan inisial S, kacekel wontening Ngayogyakarta dinten Selasa (25/8/2015) wingi. S kaduga due hubungan karo wong tiga ingkang sadurungipun sampun kacekel wonten ing Solo, Jawa tengah, pirang-pirang dinten nuli.

"Iki pakoleh pengembangan kasus sing neng Solo," tembung Suharsono, dinten Rabu (26/8/2015).

Kaya kawruhan Ibadurahman alias Ali Robani alias Ibad (29 taun) dicekel bareng kalian Yus Karman (31 taun) lan Giyanto alias Gento neng Solo.

Dekne kabeh ngrencanake njebloke bom wonten ing pirang-pirang panggonan. Yaiku kuil Budha Kepunton ing Solo kaitane kalih isu Rohingnya, Mapolsek pasar Kliwon lan kantor polisi liya neng wilayah Surakarta, mawa gereja neng wilayah den samya.

Dekne kabeh cawise mileh wayah aksi ing tanggal 17 Agustus 2015 utawa pas nang pengetan dinten kemerdekaan Indonesia kanthi njebloke bom sing dikendhalekne kanthi sistim timer.

Informasi sing diklumpuke menawa S sadina-dina njaga konter hanpdhone kagunganipun Ibad kalian dicurigai melu ngewangi ngrakitan bom.

Banjur Suharsono nggamblangna, saka informasi ing lapangan S nduweni kabisan ngrakit bom. "Indikasi (katut) jaringan kuwi, kabisan neng bidang kuwi (ngrakit bom)," turene. wektu iki, Polri isih nglakoke pengembangan saka kasus iki

 


LKS Basa Jawa Kelas XI 

http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/pawarta-jawa-teroris-kecekel-neng-ngayogyakarta.html?m=1

Tidak ada komentar:

Posting Komentar