Sesorah
Pengertian sesorah
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
a. Ancasing sesorah
1. Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
2. Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
3. Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
4. Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.
5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
b. Bab wigati nalika lagi sesorah
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.
2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.
3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
4. Solah bawa
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
c. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah
1. Polatan mbesengut
2. Gugup
3. Ngguyu sing digawe gawe
4. Sering ndeleng cathetan
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil
6. Ngadeg kaku kaya wong baris
7. Karo mloka mlaku
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi/kathok
10. Ngupil
d. Urutane sesorah
1. Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane
2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3. Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
Assalamuaaikum
Wr.Wb.
Nuwun
Dhumateng bapak kepala sekolah
ingkang tuhu kinurmatan. Bapak saha ibu guru ingkang kinurmatan. Staff saha
karyawan SMP N 3 Godean ingkang kinurmatan. Saha boten kesupen, kanca kanca
ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga
kula lan panjenengan sedaya ngunjuaken puji syukur dumatheng gusti Allah Swt.
ingkang tansah maringaken rahmat lan hidayahipun, sahengga kula lan panjenengan
sedaya saged kempal manunggal wonten ing adicara tanggap warsa Republik Indonesia
ingkang kaping 70.
Menawi kita sedaya deleng zaman penjajahan, katah tiyang
inkang kepareng ucal saking penjajahan lan mardika. Ananging zaman sakmenika
ingkang sampun wonten proklamasi kamardikan. Bangsa Indonesia tesih dijajah
kanthi boten langsung. Tuladhanipun ngagem rasukan ingkang kabikak,dahar wonten
ing restoran ingkang dikelola kaliyan nagari sanes,lan sakpanunggalanipun.
Penjajahan wonten ing nagari
kita boten namung saking sanes nagari, ananging saking jero nagari
inggih wonten. Salah sawijinipun korupsi. Boten sekedik pimpinan kita sedaya
ingkang korupsi. Saking pameritah pusat
dumugi pimpinan daerah, boten luput saking korupsi. Menawi kita sedaya saged
nahan diri saking nafsu kepareng gadah arta katah, kita sedaya boten bakal
korupsi.
Kamardikan dientuk boten gampang, ananging dientuk kanthi
adus getih saha iluh. Kita sedaya, generas ingkang kedah mempertahanke
kamardikan, kedah tenanan ingkang mempertahanke. Tuladhanipun sinau kanthi
sregep, milih budaya ingkang dideleng kanthi sae,percoyo yen kabeh pagaweyan
ala bakal entuk dosa, lan sakpanunggalane. Mugi mugi negari kita saged dados
nagari ingkang luwih sae kanthi adedasar Pancasila saha UUD 1945. Aamiin ya
robal alamin.
Ing pungkasan atur, bok bilih wonten klenta klenthu atur
kula, saha tindak tanduk kula ngkang kirang nuju parana, saestu kula namung
saged nyuwun lumuturing sih samodra pangaksami.
Wassalammualaikum Wr.Wb.
Sumber : http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html

Tidak ada komentar:
Posting Komentar